Tugas Cerkak temane perang

Posted by at 0 komentar
SURAM
dining : shandy aditama putra XII-IPS 4

            Uwis jangkep sasasi setengah Nana, kancaku SMA sinau ing negara kulon Arab. Jareke Nana arep nuntaske program kuliahe,yaiku sejarah. Dheweke isa kuliah ing negara kang adohe semono amarga semangate kang adiluhung lan nggeni kapingin majukake donya kawruhe uwong Indonesia kang durung jangkep lan prigel informasi ngenani sejarah e wong Arab, ngenani revolusi, perang, lan liya-liya. Singkate, Nana arep dadi guru sing pingin nularake jero kawruhe. Sakjane ning Indonesia iyo uwes akeh universitas ngenani sejarah Arab, nanging pemerintah Indonesia lan Nana tasih ngugem pikiran yen sinau langsung tekan sumbere bakal luwih lengkap. Kasile, Nana entuk beasiswa mrono.Pemerintah yakin lak Nana lan rombongane ning Arab bakal mulih nggawa ilmu kanggo Indonesia. Luwih adoh, pemerintah sing nduweni kageman lan kakuasaan ing negara dhewe, uwis ngekekake fasilitas lan sarana kangge arek-arek sing entuk beasiswa ing Irak.
            Saliyane tujuwan nggolek kawruh ing negara semana, Nana lan kanca-kancane iya mendem tujuwan liya yaiku kudu isa ngliput opo wae kang kedadeyan ing negara Perang kasebut. Mulane njepret foto, nulis kabar, lan laporan suara kanggo pemerintah Indonesia. Anggone sinau Nana lan kanca-kancane ancen adoh lan aman teka wilayah konflik e pemerintah Irak lan koalisi sing dipimpin wangsa Amerika musuhi ekstremis sing ngangkat Islam agawe perjuangane kang nglawan pemerintah. Nanging, amben sak ulan dheweke lan rombongan kudu budhal ing garis perang kanggo ngliput kedadeyan iku, gawe bahan studi jareke. Saliyane iku, rombongane Nana iya entuk pengawalan kang trep saka pemerintah Irak amarga rombongane Nana iku mlebu ing Asosiasi Pelajar Internasional kang ancen diundang pemerintah Irak kanggo ngliput perang.
            Nana iku sak angkatan sekolah karo aku ing sekolah umum utawa Sekolah Menengah Duwur, kira-kira uwis tahun katelu teka sak iki lulus e saka sekolah.Sekolahku iki ancen apik lan akeh sing kalebu mrene amarga agamane apik. Sekolahku pancen tenan ngugem tatakrama ingkang apik nganti terkenal kaya sak iki.Nana biyen sak kelas karo aku. Masiya Nana iku uwong e sregep lan pinter tapi dheweke ora dhuwur atine, dheweke seneng tumrap nguwarahi kanca-kancane ngenani pelajaran. Luwih-luwih, Nana iku biyasane mulih sore gawe nguwarahi rencang-rencang e ngenani pelajaran sing uwis diwulang guru isuk e. Mulane iku, Nana maleh dikenal apik ning kanca-kanca. Akeh sing seneng karo pribadine Nana, kalebu aku. Soal e, Nana iku jiwa sosiale iku dukur. Sapa se sing gak gelem dadi arek kaya Nana.Guru-guru ning kantor iya padha ngelem Nana amarga sregep e. Saumpama diwenehi tugas dina iki, karo Nana mesti langsung digarap lan dina iku iya langsung ditumpuk. Guru-guru padha gedheg-gedheg nyawang kerja atos e Nana. Biji wulangan lan tes e dheweke iya tansah apik.Ning sekolah, Nana aktif kalebu organisasi OSIS ngewakili kelasku. Jareke Joko, kancaku dolan sing iya kalebu OSIS, ngomongi aku yen Nana iku mesti aktif ngomong ing OSIS.Nana iku populer ning sekolah, amarga pribadine sing apik.Nana iku kanca sabangkuku. Nalika dheweke wadon, Nana iya isa tumrap karo arek-arek lanang, kalebu aku. Iya, kan aku kanca sebangkune.
            Blaaaaaaaaaaaaar.......Blaaaaaaaaaaaaaaaar...... suara bedil ning tipi ngabarake yen negara Irak diserang karo ekstremis. Aku kuwatir yen Nana kena apa-apa ning negara kana.Ing liputan pertamane Nana, dheweke ngliput ing pos jaga perbatasane propinsi sing dikuwasai tentara Irak karo propinsi sing dibajak para ekstremis.Ning jembatan tepak e, para tentara padha bedil-bedilan padha lali urip merjuangake tujuwane.Nana ngliput ing nggurine tentara iku, lan sak itik-itik nguwawancarani tentara sing lagi sibuk iku.Nana ancen pinter basa Arab lan Inggris, mulakne dheweke isa nguwawancarai uwong Arab.Ngene lak diterjemahake ning basa Jawa : “Sugeng siang Pak, niki panjenengan lagi perang musuhi sinten nggih?”, takon Nana. “Niki kula ajenge ngalahake tentara ektremis ning sebrang etan kae mbak. Niki teka perintahe komandan yen kula lan para rencang kula kudu isa matahake pertahanane para ekstremis.”, jawabe salah siji tentara sing jarene Nana pangkate Sersan lak ning Indonesia. “Oooo ngoten nggih Pak, trus pripun yen ana uwong biasa/sipil ning wilayah sing Bapak serang sak niki?”, Nana trus takon. “Para uwong sipil wis ngungsi mbak, dadi ning kana cuman ana para tentara ekstremis lan para tawanan, luwih-luwih, misine para rencang kula selanjute iki mbebasake para tawanan niku mbak.”, saute tentara sing awake guedhe. “Para tawanan niku lak nggih uwong biasa nggih Pak, lha niku tujuwane napa para ekstremis nawan uwong biasa?”, Nana takok maneh. “Para ekstremis kapingin para tentara pemerintah padha ngundurake serangane, yen ora, para tawanan iku bakal disiksa opo maneh yen uwis mentok para tawanan iku bakal ditembak mati ning nggon mbak.”, jawabe Sersan karo ngisi pelurune.Aneh, Nana bingung. Para ekstremis sing teka awal padha semangat bedil-bedilan malah ujug-ujug ninggalake medan perang.Cuman para jenderal e ekstremis sing iseh mantau jembatan.
            Deg..Deg..Deg..Deg..Ujug-ujug Pak Sersan nrima telepon saka pusat. “Sersan-Maverick, please back-up your troops and the other alliance to the safe place!”, suwara banter teka ponsel tentarane Pak Sersan. Pak Sersan langsung takok lan konfirmasi ning pusat, “What happen, sir?”. “The mutineers have been adding a C-4 Bomb below the rivers you stand, please evacuate your troops immediately!”, jawaban saka pusat. Krungu kabar teka pusat ngenani bom sing wis ditandur ning ngisore jembatan, Pak Sersan langsung njupuk speaker ning montor lan ngandhani para tentarane, “team, fall back to the car as soon as possible, she is gonna blow!”. Para wartawan kalebu Nana padha bingung krungu perintahe Pak Sersan.Kabare ana bom ning ngisor jembatan, mulane para wartawan trus padha mlebu ning montor e supaya bisa slamet saka bom iku. Para bala tentara padha mundur, lan musuh sing kasisa numpak montor ninggalake jembatan tetep padha nembak nggawe senapan ning arahe para tentara.
“Jleeeeb...!”, suwara peluru nembus dada.Tibak e sing kenek bedil kuwi iya Pak Sersan mau. Pak Sersan adus getih. Pak Sersan sing uwis sekarat lan ceblok ning pangkuan e Nana, lan muni, “Girl, please tell my family, i love them anyway.” Pak Sersan pas muni kata-kata terakhir e uwis mandek napase lan Nana sing bingung lan sedih akhire udan tangis nangisi Pak Sersan sing jelas-jelas mau jek diwawancarai Nana. Nana trus nyuwun pitulung saka prajurite Pak Sersan supaya nggotong Pak Sersan ning montor. Pak Sersan uwis isa digawa. Nanging, ing arepe ninggal jembatan iku, lakokno bom C-4 e mbledhos lan ngurbuhake jembatan sak itik-itik.Ana rong mobil e tentara lan wartawan sing iseh durung teka ujung jembatan, lan ceblok ing laut. Slamete Nana lan rombongane uwis ninggalake jembatan kuwi masiya Nana isih raiso nglalekake titipane Pak Sersan. Para tentara sing ning ujung jembatan padha getihen lan mbengok kelaran. Ana sekitar uwong rongpuluh an. Para tentarane sing dipimpin Pak Sersan kang lurus drajate langsung padha nulungi para prajurit sing kasisa ing medan. Prajurit sing kasisa ing medan tur digawa ning njerone montor supaya bisa diwenehi pertolongan pertama karo dokter sing uwis ngenteni ning njero montor. Dalan cedek e jembatan padha bek ana getih tok lan pecahan kaca. Pecahan kaca iku uga dikira gawe media mbledosake bom C-4 mau. Saliyane gawe iku, pecahan kaca iku uga padha ngeneki para tentara.
Stasiun tipi ning Irak padha ngliput kedadeyan kang dadi kembang lambe iki lan ngejutakepara jenderal-jenderal ning pusat. Tibak e rencanane para ekstremis kasil njebak para tentara supaya gugur ning jembatan.
Wong Jawa aja lali Jawane. Nana iku uwong Jawa ingkang pinter banget ngenani ngelmu ne uwong asing. Saking pintere, krasaku Nana uwis kilangan jiwane dadi uwong wadon Jawa kang dikurmati. Sawise kedadeyan bom ning ngisore jembatan, para wartawan lan jurnalis asing padha tansah ngliput kedadeyan iku. Kalebu para uwong Landa sing ning tipi padha nguwawancarani Nana, seksi kedadeyan iku. Nana fasih ngomong basane uwong Landa, lan crita lancar marang para wartawan ngenani kedadeyan ing jembatan iku.
Sakwulan uwis rampung nanging tansah mancep ing atine Nana ngenani kedadeyan marang Pak Sersan sakwulan biyen. Uga isih trauma, nanging Nana lan rombongan njupuk risiko ngliput maneh ning wilayah perang e pemerintah.Para wartawan lan jurnalis uwis dilarang karo pemerintah Irak supaya ora ngliput teka cedhek maneh, nanging Nana lan rombongane tetep nekat maju.Para tentara pemerintah pas iku lagi nyerang gedung sing njerone ana akeh sanderane ekstremis.Bedane, sak iki pemerintah uga yakin yen bakal ora ana bom maneh ning operasi ning gedung kuwi.Kaya biyasa, Nana sing sregep ngliput para tentara sing lagi perang, agawe bahan sinaune Nana.Setengah jam ngliput, para sandera uwis isa digawa menjero montor lan para pemberontak uwis isa ditumpas nganti entek.Operasi kang kasil sukses iku ora nimbulake korban jiwa saka tentara pemerintah lan Nana sak rombongane slamet isa mulih resik tanpa serangan saka ekstremis.
Nana dihubungi kaluwargane Pak Sersan sawise ngliput perang mbebasake sandera. Nana ning nggon nginepe dheweke lan rombongan ning apartemen pusat kutha Irak ditemoni kaluwargane Pak Sersan. “Assalamualaikum, mbak?”, uwong wedhok bule ning ngarep lawang nggone Nana nginep. “Woh nggih, waalaikumsalam Bu. Wonten punapa nggih?”, Nana takon ning ibuk-ibuk mau. “Kula niki istrine Pak Ahmad.”, jawabe ibuk bule. “Pak Ahmad sinten nggih?”, Nana bingung. “Pak Ahmad niku  bapak-bapak sing perang nalika sampeyan ngiput perang samenika mbak, kula mriki kalih kaluwarga ajenge ngucapake matursuwun ingkang sanget amarga Mbak sampun nulungi Bapak Ahmad kantun menika.”, jawabe ibuk-ibuk Bule sing tibak e istrine Pak Sersan. “Oh ngoten, sepuntene nggih Bu kula kok mboten cepet tanggap ngertos, nggih sami-sami, kita niki dadi manungsa inggih sampun sapantese padha tulung-tinulung marang sesama.”, jawabe Nana karo mesem.“Wonten titipan saking Bapak Ahmad, Bu, tiyang e dhawuh nalika Pak Ahmad niku tresna marang kaluwargane samenika dateng kula, niku pesen e Pak Ahmad, kula nggih sepuntene ingkang kathah cuman saget nulungi Pak Ahmad samenika.”, jawabe Nana karo ngilengi kedadeyan ning jembatan. “Mboten napa-napa mbak. Kula sakulawarga nggih maklum ngenani kedadeyan niku. Niki wonten bingkisan agawe ucapan matursuwun kaluwargane Pak Ahmad mring Mbak Nana. Matursuwun nggih.”, ibuk Bule ngomong. “Ya Allah mboten usah repot-repot Bu, sampun, kok repot-repot.”, Nana mesem karo nrima hadiah saka kaluwargane Pak Ahmad. Nana nrima hadiah buku-buku literatur Arab saka kaluwargane Pak Sersan.
Nana iku iya ancen seneng nulung uwong, iya uga ket Nana sekolah kambek aku biyen.Saliyane iku, Nana uwonge perhatian sanget karo uwong liya. Nganti-nganti kadang aku iya bingung karo Nana, uwis ayu, pinter, seneng nulung apa maneh. Bangga aku ndhuweni adik titipan kaya Nana. Kabecikan sing didhuweni Nana iki kudu dijaga amarga Nana iku arek e polos lan mbutuhake akeh nasihat saka njaba. Mulane iku aku dipasrahi dikengken ibuk e Nana supaya ndampingi Nana.
Nana bocahe uga iya uwong sing religius, dheweke saben mari maghrib mesti ngaji. Dheweke iya seneng pasa sunnah lan kadang iya ngomongi aku supaya melu pasa sunnah, nanging iya kepriye uwong aku iki dasare males tur angel dikandhani uwong. Bengine latian, dadine iya angel aku arep pasa sakwancine nak pasa ramadhan lagek isa.
Entek atiku, nalika kudu nglepas Nana ning negara perang, Irak. Titahe ibune Nana kudu gugur sakejap. Nanging kudu piye apa sing tak wedeni uwis kedadeyan. Aku kudu pisah karo Nana.
Yaiku kenangan-kenanganku karo Nana nalika SMA biyen. Nana iku uwis tak anggep adikku dhewe. Tur katelune Nana ning Perang nglawan ekstremis lanjut ing dalanan perbatasan. Nana lan rombongane sing nekat panggah wae budhal menyang medan perang. Uwis ana wara-wara saka pemerintah Irak supaya para jurnalis lan mahasiswa supaya ngadoh saka wilayah perang. Informasine, jareke departemen pertahanan Irak, bakal ana serangan gede-gedean ning operasi iki. Mulane para jurnalis lan mahasiswa uga dikandhani supaya ngadoh saka lokasi operasi. Para tentara gabungan padha budhal shubuh nyerang para ekstremis ning dalanan perbatasan.
Para tentara karo ekstremis padha perang kaya ning game lan padha nyeblokake korban. Nanging sapa nyana, montor sing ditumpaki Nana lan rombongan teka mburi diweloki ekstremis sing nyamar dadi wartawan. Ujug-ujug para ekstremis mbedili supir e montor sing ditumpaki Nana lan rombongan lan nyetir montor iku. Nana lan rombongan digawa menyang markas gedene para ekstremis. Para rombongan sing wektu iku dadi sandera padha bingung lan trenyuh amarga nyawang para mayat e para sandera ning panggonan dheweke disandera. Mayat-mayat iku mau dikubur sak onoke tanpa aturan sing bener. Mulake para ekstremis iki nggawa jeneng Islam tapi padha sesat nglakokne ajarane, uwis mlenceng adoh saka ugeman agama Islam ingkang becik lan minulya. Nana lan rombongane disiksa sakonone supaya meneng wae lan ora nyoba mblayu saka cekelane ekstremis. Nana disekap ning panggon rupa-rupa gedung gede kaya ning Jakarta. Bedane, cuman gedung iki sing isih utuh pondasine. Bangunan gede liya ning sakitare gedung sandera iki padha ancur kena proyektil-proyektil lan kena bahan perang. Rupane gedung iki digawe panggon sing dikonsentrasekne para ekstremis gawe mbledosake gedung iku! Para sandera arepe diledakne karo gedung gede iku! Para jurnalis sing ngliput kabar luar biyasa iki langsung ngontak negara Indonesia supaya ngetokake pasukane ning Irak agawe nyelametake wargane.
Kabar iki kabetulan krungu lan mbakar semangatku gawe mbebasake para sandera. Uwong Jakarta uwis nyiapake bala tentara khusus utawa KOPASSUS gawe mbebasake sandera nambahi kakuwatane pasukan gabungan pemerintah Irak. Aku sing ancen dadi prajurit KOPASSUS langsung dikirim ning pusat kutha Irak kanggo mbebasake para sandera.
Para ekstremis ngewenehi wektu sakitar sak minggu kanggo pemerintah Irak supaya menuhi tuntutane para ekstremis, yaiku pemerintah Irak kudu nransfer dana pirang-pirang milyar ning rekening e ekstremis utawa para sandera bakal diledakne ning gedung iku mau.
Uwis dina kapapat dina ancamane para ekstremis iki ngancem bakal mbledosake gedung lan sandera. Aku uwis siap-siap ning pusat kutha lan uwis teka sadina sadurunge karo pasukanku. Kerjaku dadi KOPASSUS ancen durung ana sing ngerti kecuali kaluwargaku, kalebu Nana, amarga ancen kerjaku iki nuntut aku supaya ngerahasiakake misiku. Kaluwargaku bakal dadi risiko yen uwong-uwong padha ngerti aku iki prajurit pasukan khusus e pemerintah. Mboh lapo aku iki ora isa turu ket teka pusat kutha Irak iki. Lha piye uwong Nana lan rombongane padha disandera para ekstremis ning gedung, sawentara aku bebas ning kene. Dina kapapat pasukan saka Indonesia durung diterjunake amarga pas dina iku isih ana pembekalan supaya para tentara Indonesia ngerti medan sing arepe dihadepi, kayata padang pasir ing perjalanan, kang rawan para ekstremis sing arep nyerang. Gedung iku kang ana para sandera ana ing pinggir kutha cedhek e tambang lenga gede. Dibutuhake sakitar wektu setengah jam mrono.
Dina kalima iki pemerintah Irak mbatalake operasi gabungan ning gedung amarga ana badai padang pasir anggone dalan menyang gedung kasebut. Badai iki iya disetujui pihak ekstremis supaya ngendekake peperangan sediluk. Rupane ekstremis iya isa maklum ngenani kondisi alam negarane. Dina kaenem iya ngunu, badai iki ngalangi perjalanan para pasukan gabungan ning gedung sandera. Kasile, operasi batal maneh.
Dina kasisa iki bener-bener kesempatan pertama lan terakhir kangge para pasukan gabungan lan pasukanku, nggempur gedung sandera lan nyelametake para sandera. Kanggo ngindari badai, akhire pasukan gabungan budhal jam 12 bengi teka markas gede masiya ning tengah perjalanan isih ana badai cilik.Pasukan gabungan sing isine para tentara saka negara Landa, wangsa Amerika, lan Indonesia ikibudhal bareng nuju gedung karo itung-itungan sing sae.
Tanpo kompromi, serangan teka udara saka wangsa Amerika kasil nggempur mundur pasukan ekstremis ning sakitar gedung sandera. Nanging, bom uwis ditandur ning ruangane para sandera sing dijarake ning njero ruangan. Ning njero gedung iya isih ana para ekstremis mertahanake gedung saka tentara.
Pasukanku nggempur cepet para ekstremis kuwi mau tanpo welas, siji persiji ekstremis uwis tumbang lan raisa ngadeg maneh. Para ekstremis iki ancen nduweni senjata saka Russia, nanging para ekstremis iki ora ndhuweni katerampilan sing apik ngenani nyekel senjata. Kasile, para ekstremis iki kalah total ning serangane pasukan gabungan sing kelase kelas dunia. Ing wektu sakjam, para ekstremis kasil padha mundur kabeh, nanging ing ruangane para sandera, ana ekstremis siji sing nyekel bom. Dheweke ketok e arepe ngledakne gedung nggawe bom bunuh diri. Bom bunuhdiri iki iya tamtune bakal ngledakne para sandera ning sakitare.

Aku sing ana ing ngarep lawang lan ngadepi ekstemis iki, langsung mblayu lan mbanting awake ekstremis iki. Lan mateni timer utawa pawektu bom iku kang pas wektu iku karek sak menit. Alhamdulillah, bom e uwis isa tak pateni bener-bener. Para sandera padha bungah lan sacepete padha dievakuasi para tentara. Nana sing nggeletak ning meja sandera tak gotong metu menjero montor supaya wentuk pitulungan medis amarga durung entuk nutrisi seminggu pada karo sandera liya.Serangane pasukan gabungan bener-bener kasil sae lan aku isa nyelametake tresnaku, Nana.

Matur Suwon sampun nyempataken maos cerkak kula :D

tags :

0 Komentar untuk "Tugas Cerkak temane perang"

Back to Top